Selasa, 14 Februari 2017

Contoh Sesorah RSC RAD UMP 2015 (juara 2 putra)

Teks Sesorah
(Nasionalisme dan Patriotisme )
Assalamu’alaikum wb. wb

Ingkang kinurmatan Kepala SMA N Banyumas
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru SMA N Banyumas                                                                  
Lan kanca – kanca kula kelas X, XI, XII ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nun inggih Alloh swt ingkang sampun paring pinten – pinten kanikmatan, karahmatan, kaberkahan, saha kasarasan dhumateng kula lan panjenengan, saengga ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi saras mboten wonten alangan satunggal menapa.

Saderengipun, kula minangka Ahmad Ali Ma’ruf Zuhri badhe ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Muhammad Husein S.Pd, M.Si ingkang sampun paring wekdal kangge kula, kangge ngaturaken sesorah ingkang irah – irahanipun “ Nasionalisme Lan Pariotisme Kawula Muda Wonten Ing Jaman Samenika “
Para rawuh ingkang kinurmatan  
                                                                                          
Nasionalisme lan patriotisme menika mboten saged dipisahaken. Nasionalisme nggih menika tumindak ingkang tresna dhateng tanah air lan semangat kebangsaan. Patriotisme nggih menika sifat kasatriyan utawi jiwa kesatriyan ingkang sumberipun saking tresna dhateng tanah air lan semangat kebangsaan (nasionalisme). Sifat kasatriyan menika kathah sanget, tuladhanipun gagah berani, pantang menyerah rela berkorban kangge bangsa lan negara lan sapanunggalanipun. Nanging kadospundi caranipun nuwuhaken sifat – sifat kastriyan menika dhumateng kawula muda bangsa? kadospundi caranipun nuwuhaken semangat kebangsaan (nasionalisme lan patriotisme) ingkang saged dipuntindakaken wonten ing jaman samenika lan wonten ing keluarga, sekolah lan masyarakat? wonten 3 cara nggih menika :
1.             Keteladanan
2.             Pewarisan
3.             Ketokohan

Para rawuh ingkang kinurmatan,
Salah satunggaling KPK menika saking serat Tripama anggitanipun Mangkunegara IV, sekar Dhandhanggula, ingkang nyariosaken salah satunggaling tuladha nasionalisme lan patriotisme nggih menilka Patih Suwanda. Tembangipun mekaten :

Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sira anuladha,
Duk ing nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi, 
Nuhoni trah utama,

Sekang tembang menika, kula lan panjenengan saged neladani sifat Patih Suwanda nggih menika :
1.             Guna   : ahli, pinunjul, wasis, lan trampil salebete ngabdi dhateng bangsa lan negara.
2.             Kaya    : nalika Patih Suwanda dipunutus dening Raja Arjuna Sasrabahu, Piyambakipun mulih kanthi mbekta kasiling rampasan perang, kasil  rampasan menika mboten
  dipunginakaken  piyambak nanging diaturaken dhateng negara.
3.             Purun   : kendel utawa wantun, Patih Suwanda tansah kendel ing yudha kanthi kekarepan kang makantar – kantar.

Para rawuh ingkang kinurmatan,                                                                                                  
Sumangga kula lan panjenengan sareng – sareng nuwuhaken semangat nasionalisme lan sifat patriotisme, supados kula lan panjenengan saged dados kawula muda ingkang migunani tumrap bangsa lan negara kanthi neladani saha dipuntindakaken sifat – sifat Patih Suwanda lan tokoh – tokoh sapanunggalanipun, tuladhanipun kalih nderek PRAMUKA. Wonten ing PRAMUKA menika kula lan panjenengan dipungulawentah supados dados tiyang ingkang disiplin, sregep, wasis lan sapanunggalanipun. Semangat, semangat, semangat !!! nderek kagIyatan PRAMUKA.

Cekap mekaten atur kula, minangka wonten klenta – klentunipun atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun minangka panutup atur :

Ana pitik saba meng sawah,
Karangsalam ketiban dukuh,
Wabillahitaufik walhidayah,
Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.
(Salam PRAMUKA..)


Contoh Sesorah RSC RAD UMP 2015 (Juara 1 Putri)


Teks Sesorah Juara 1 Putri RSC UMP 2015



Assalamu’alaikum wr. wb

Kasugengan saha nugraha sih wilaraning Gusti ingkang awujud tatentreman, karahayan, karaharjan, saha gumelaring kabagas warasan mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga panjenengan sedaya dalasan waradin sagung dumadi.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kepareng kula sumela atur sawetawis nggempil kamardikan panjenengan sedaya kalanipun sekeca wawan pangandikan. Keparenga kula ngadeg wonten ngriki badhe matur babagan Nasionalisme kaliyan Patriotisme.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan lenggana,
Nglungguhi ksatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labuh nagari,
Lan nolih yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
(Serat Tripama KGPAA Mangkunagara IV)

Raden Kumbakarna, rayinipun Raja Alengka yaiku Dasamuka. Kumbakarna wujudipun buta nanging kagungan budhi ingkang luhur. Benten kalih kangmasipun ingkang kagungan watek awon. Sanajan mboten satunggal pamanggih kaliyan kangmasipun nanging Kumbakarna tetep tumut perang. Saged dipun pirsani raos nasionalisme Kumbakarna ageng sanget kados tembung menika wrong right my countryutawi lepat leres negaraku. kangge ngayahi jejibahan minangka kesatria lan warga negara.  Nasionalisme menika tegesipun raos tresna kaliyan bangsa lan negaranipun, patriotisme niku wujud saking raos nasionalisme yaiku kepahlawanan. Raos nasionalisme saged kawujud kaliyan njagi katentreman njunjung dhuwur raos tresna dhateng mliginipun bangsa, pancasila, lan bhineka tunggal ika. Paugeran raden kumbakana menika “tinimbang kalah dening penjajah, langkung becik dados kusuma negara”, kula lan panjenengan saged nindakaken dados generasi nem mliginipun pramuka, nopo malih pramuka niku sampun kagungan kode kehormatan, salah satunggalipun (disiplin, berani lan SETIA) lare pramuka niku SETIA, setia kaliyan bangsa lan negaranipun. Menawi raos setia sampun dipuntuwuhaken raos nasionalisme bakal kawujud, saking raos nasionalisme menika saged nuwuhaken raos patriotisme. Mugi-mugi pramuka saged ndadosaken generasi penerus bangsa ingkang kagungan sifat setia lan saged nglampahi tumindhak ingkang becik mboten nguciwani negara. Kados cariosipun Raden Kumbakarna kala wau. Amin amin ya robbal’alamin

Para tawuh ingkang kinurmatan cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kekirangan kula nyuwun aguning samudra pangaksami. Sura dira jaya ningrat, lebur dening pangastuti. Nuwun nuwun nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.