Teks
Sesorah
(Nasionalisme
dan Patriotisme )
Assalamu’alaikum wb.
wb
Ingkang kinurmatan
Kepala SMA N Banyumas
Ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Guru SMA N
Banyumas
Lan kanca – kanca kula
kelas X, XI, XII ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah
ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nun
inggih Alloh swt ingkang sampun paring pinten – pinten kanikmatan, karahmatan,
kaberkahan, saha kasarasan dhumateng kula lan panjenengan, saengga ing wekdal
punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan punika
kanthi saras mboten wonten alangan satunggal menapa.
Saderengipun, kula minangka Ahmad Ali Ma’ruf Zuhri badhe
ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Muhammad Husein S.Pd, M.Si ingkang sampun
paring wekdal kangge kula, kangge ngaturaken sesorah ingkang irah – irahanipun
“ Nasionalisme Lan Pariotisme Kawula Muda Wonten Ing Jaman Samenika “
Para rawuh ingkang kinurmatan
Nasionalisme lan patriotisme menika mboten saged dipisahaken.
Nasionalisme nggih menika tumindak ingkang tresna dhateng tanah air lan
semangat kebangsaan. Patriotisme nggih menika sifat kasatriyan utawi jiwa
kesatriyan ingkang sumberipun saking tresna dhateng tanah air lan semangat
kebangsaan (nasionalisme). Sifat kasatriyan menika kathah sanget, tuladhanipun
gagah berani, pantang menyerah rela berkorban kangge bangsa lan negara lan
sapanunggalanipun. Nanging kadospundi caranipun nuwuhaken sifat – sifat
kastriyan menika dhumateng kawula muda bangsa? kadospundi caranipun nuwuhaken
semangat kebangsaan (nasionalisme lan patriotisme) ingkang saged
dipuntindakaken wonten ing jaman samenika lan wonten ing keluarga, sekolah lan
masyarakat? wonten 3 cara nggih menika :
1.
Keteladanan
2.
Pewarisan
3.
Ketokohan
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Salah satunggaling KPK menika saking serat
Tripama anggitanipun Mangkunegara IV, sekar Dhandhanggula, ingkang nyariosaken
salah satunggaling tuladha nasionalisme lan patriotisme nggih menilka Patih
Suwanda. Tembangipun mekaten :
Yogyanira kang para
prajurit,
Lamun bisa sira
anuladha,
Duk ing nguni
caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabahu ing
Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri
prakara,
Guna kaya purunne kang
denantepi,
Nuhoni trah utama,
Sekang tembang menika, kula lan panjenengan saged neladani sifat
Patih Suwanda nggih menika :
1.
Guna : ahli, pinunjul, wasis, lan trampil salebete
ngabdi dhateng bangsa lan negara.
2.
Kaya : nalika Patih Suwanda dipunutus dening Raja
Arjuna Sasrabahu, Piyambakipun mulih kanthi mbekta kasiling rampasan perang,
kasil rampasan menika mboten
dipunginakaken piyambak nanging
diaturaken dhateng negara.
3.
Purun : kendel utawa wantun, Patih Suwanda tansah
kendel ing yudha kanthi kekarepan kang makantar – kantar.
Para rawuh ingkang
kinurmatan,
Sumangga kula lan panjenengan sareng – sareng nuwuhaken semangat
nasionalisme lan sifat patriotisme, supados kula lan panjenengan saged dados
kawula muda ingkang migunani tumrap bangsa lan negara kanthi neladani saha
dipuntindakaken sifat – sifat Patih Suwanda lan tokoh – tokoh
sapanunggalanipun, tuladhanipun kalih nderek PRAMUKA. Wonten ing PRAMUKA menika
kula lan panjenengan dipungulawentah supados dados tiyang ingkang disiplin,
sregep, wasis lan sapanunggalanipun. Semangat, semangat, semangat !!! nderek
kagIyatan PRAMUKA.
Cekap mekaten atur kula, minangka wonten klenta – klentunipun
atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun minangka panutup atur
:
Ana pitik saba meng
sawah,
Karangsalam ketiban
dukuh,
Wabillahitaufik
walhidayah,
Wassalamu’alaikum
warohmatullohi wabarokatuh.
(Salam PRAMUKA..)
Casino, Cards - DR MCD
BalasHapusSISTER CASINO, Rating: 안양 출장샵 4.5 당진 출장마사지 · 2 reviews · $1.99 · 의정부 출장안마 In stockSlot machines · 충주 출장샵 Cash 사천 출장안마 games