Teks Sesorah Juara 1
Putri RSC UMP 2015
Assalamu’alaikum wr. wb
Kasugengan saha nugraha sih
wilaraning Gusti ingkang awujud tatentreman, karahayan, karaharjan, saha
gumelaring kabagas warasan mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga
panjenengan sedaya dalasan waradin sagung dumadi.
Para rawuh ingkang
kinurmatan, kepareng kula sumela atur sawetawis nggempil kamardikan panjenengan
sedaya kalanipun sekeca wawan pangandikan. Keparenga kula ngadeg wonten ngriki
badhe matur babagan Nasionalisme kaliyan Patriotisme.
Kumbakarna
kinen mangsah jurit,
Mring
kang raka sira tan lenggana,
Nglungguhi
ksatriyane,
Ing
tekad datan purun,
Amung
cipta labuh nagari,
Lan
nolih yayahrena,
Myang
luluhuripun,
Wus
mukti aneng Ngalengka,
Mangke
arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi
mati ngrana.
(Serat
Tripama KGPAA Mangkunagara IV)
Raden Kumbakarna, rayinipun Raja Alengka
yaiku Dasamuka. Kumbakarna wujudipun buta nanging kagungan budhi ingkang luhur.
Benten kalih kangmasipun ingkang kagungan watek awon. Sanajan mboten satunggal
pamanggih kaliyan kangmasipun nanging Kumbakarna tetep tumut perang. Saged
dipun pirsani raos nasionalisme Kumbakarna ageng sanget kados tembung menika wrong
right my countryutawi lepat leres negaraku. kangge ngayahi jejibahan
minangka kesatria lan warga negara. Nasionalisme menika tegesipun
raos tresna kaliyan bangsa lan negaranipun, patriotisme niku wujud saking raos
nasionalisme yaiku kepahlawanan. Raos nasionalisme saged kawujud kaliyan njagi
katentreman njunjung dhuwur raos tresna dhateng mliginipun bangsa, pancasila,
lan bhineka tunggal ika. Paugeran raden kumbakana menika “tinimbang kalah
dening penjajah, langkung becik dados kusuma negara”, kula lan panjenengan
saged nindakaken dados generasi nem mliginipun pramuka, nopo malih pramuka niku
sampun kagungan kode kehormatan, salah satunggalipun (disiplin, berani lan
SETIA) lare pramuka niku SETIA, setia kaliyan bangsa lan negaranipun. Menawi
raos setia sampun dipuntuwuhaken raos nasionalisme bakal kawujud, saking raos
nasionalisme menika saged nuwuhaken raos patriotisme. Mugi-mugi pramuka saged
ndadosaken generasi penerus bangsa ingkang kagungan sifat setia lan saged
nglampahi tumindhak ingkang becik mboten nguciwani negara. Kados cariosipun Raden
Kumbakarna kala wau. Amin amin ya robbal’alamin
Para tawuh ingkang
kinurmatan cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kekirangan kula nyuwun
aguning samudra pangaksami. Sura
dira jaya ningrat, lebur dening pangastuti. Nuwun nuwun nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar