Selasa, 14 Februari 2017

Contoh Sesorah RSC RAD UMP 2015 (juara 2 putra)

Teks Sesorah
(Nasionalisme dan Patriotisme )
Assalamu’alaikum wb. wb

Ingkang kinurmatan Kepala SMA N Banyumas
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru SMA N Banyumas                                                                  
Lan kanca – kanca kula kelas X, XI, XII ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nun inggih Alloh swt ingkang sampun paring pinten – pinten kanikmatan, karahmatan, kaberkahan, saha kasarasan dhumateng kula lan panjenengan, saengga ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi saras mboten wonten alangan satunggal menapa.

Saderengipun, kula minangka Ahmad Ali Ma’ruf Zuhri badhe ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Muhammad Husein S.Pd, M.Si ingkang sampun paring wekdal kangge kula, kangge ngaturaken sesorah ingkang irah – irahanipun “ Nasionalisme Lan Pariotisme Kawula Muda Wonten Ing Jaman Samenika “
Para rawuh ingkang kinurmatan  
                                                                                          
Nasionalisme lan patriotisme menika mboten saged dipisahaken. Nasionalisme nggih menika tumindak ingkang tresna dhateng tanah air lan semangat kebangsaan. Patriotisme nggih menika sifat kasatriyan utawi jiwa kesatriyan ingkang sumberipun saking tresna dhateng tanah air lan semangat kebangsaan (nasionalisme). Sifat kasatriyan menika kathah sanget, tuladhanipun gagah berani, pantang menyerah rela berkorban kangge bangsa lan negara lan sapanunggalanipun. Nanging kadospundi caranipun nuwuhaken sifat – sifat kastriyan menika dhumateng kawula muda bangsa? kadospundi caranipun nuwuhaken semangat kebangsaan (nasionalisme lan patriotisme) ingkang saged dipuntindakaken wonten ing jaman samenika lan wonten ing keluarga, sekolah lan masyarakat? wonten 3 cara nggih menika :
1.             Keteladanan
2.             Pewarisan
3.             Ketokohan

Para rawuh ingkang kinurmatan,
Salah satunggaling KPK menika saking serat Tripama anggitanipun Mangkunegara IV, sekar Dhandhanggula, ingkang nyariosaken salah satunggaling tuladha nasionalisme lan patriotisme nggih menilka Patih Suwanda. Tembangipun mekaten :

Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sira anuladha,
Duk ing nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi, 
Nuhoni trah utama,

Sekang tembang menika, kula lan panjenengan saged neladani sifat Patih Suwanda nggih menika :
1.             Guna   : ahli, pinunjul, wasis, lan trampil salebete ngabdi dhateng bangsa lan negara.
2.             Kaya    : nalika Patih Suwanda dipunutus dening Raja Arjuna Sasrabahu, Piyambakipun mulih kanthi mbekta kasiling rampasan perang, kasil  rampasan menika mboten
  dipunginakaken  piyambak nanging diaturaken dhateng negara.
3.             Purun   : kendel utawa wantun, Patih Suwanda tansah kendel ing yudha kanthi kekarepan kang makantar – kantar.

Para rawuh ingkang kinurmatan,                                                                                                  
Sumangga kula lan panjenengan sareng – sareng nuwuhaken semangat nasionalisme lan sifat patriotisme, supados kula lan panjenengan saged dados kawula muda ingkang migunani tumrap bangsa lan negara kanthi neladani saha dipuntindakaken sifat – sifat Patih Suwanda lan tokoh – tokoh sapanunggalanipun, tuladhanipun kalih nderek PRAMUKA. Wonten ing PRAMUKA menika kula lan panjenengan dipungulawentah supados dados tiyang ingkang disiplin, sregep, wasis lan sapanunggalanipun. Semangat, semangat, semangat !!! nderek kagIyatan PRAMUKA.

Cekap mekaten atur kula, minangka wonten klenta – klentunipun atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun minangka panutup atur :

Ana pitik saba meng sawah,
Karangsalam ketiban dukuh,
Wabillahitaufik walhidayah,
Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.
(Salam PRAMUKA..)


1 komentar:

  1. Casino, Cards - DR MCD
    SISTER CASINO,  Rating: 안양 출장샵 4.5 당진 출장마사지 · ‎2 reviews · ‎$1.99 · 의정부 출장안마 ‎In stock‎Slot machines · 충주 출장샵 ‎Cash 사천 출장안마 games

    BalasHapus